Pages

Contoh Naskah Pranata acara/MC dalam Bahasa Jawa

Senin, 09 Maret 2015
Contoh Naskah MC :



Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahirobbil ‘alamin wabihi nastanginu ‘ala umuridunya wadin wa’ala alihi washahbihi ajma’in. Ama ba’du.
Para pepundhen ingkang satuhu kinabenten. Para sepuh myang pinesepuh ingkang satuhu lebda ing kawruh, para pangemban pangembanting nagri ingkang satuhu luhuring budi. Para alim ulama wabil khusus dhumateng Almukharom K.H Ahmad Hidayah saking Jakarta ingkang satuhu pantes nampi sagung pakurmatan, lan Siswa siswi SMP 1 Purwokerto.
            Langkung rumiyin sumangga kita sesarengab ngonjukaken raos puja-puji syukur wonteb ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun kersa  paring kinten kinten kenikmatan saengga kita saged kempal wonten ing adicara Pangetan Maulid Nabi Muhammad SAW.
            Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW. Hadirin wal hadirat rahimakumullah. Kula ingkang minangka pambyawara kinen nglantaraken rantamaning adicara ing ratri menika ndherek ngaturaken kasugengan ing sarawuh jengandika sedaya.
            Selajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rumpaka rantamaning adicara ingkang sampun rinakit dening panitia inggih menika :
(Pra Acara) Hadroh SMP 1 Purwokerto
1.      Pambuka
2.      Waosan Al-Qur’an
3.      Atur pangandika saking kepala sekolah
4.      Hafalan Suratan lan Asmaul-Husna
5.      Pangaosan
6.      Penutup
Acara ingkang nomer setunggal yaiku PembukaSumangga adicara Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Ing ratri maenika kita purwani sesarengan maos lafal Basmallah “BISMILLAHIRRAHMANIRAHIM”.
Adicara ingkang nomer kalih yaiku Waosan Al-Qur’an ingkang dipunwaos Dening Muhammad Zuhran Ali Sagaf.

Mekaten kala wau waosan Al-Qur’an dening Muhammad Andi. Adicara ingkang nomer tiga yaiku Atur pangandika saking Kepala Sekolah.

Igkang acara nomer sekawan yaiku Hafalan suratan lan Asmaul husna saking siswa-siswi SMP N 1 Purwokerto.

Acara ingkang kaping gangsal yaiku pangaosan, monggo kito sedoyo ngaos ingkang dipimpin saking bapak K.H Ahmad Hidayah.

Para rawuh sedaya rahimakumullah
Sumangga adicara Pangentan Maulid Nabi Muhammad SAW. Ing ndalu menika kita pungkasi sesarengan kanthi maos lafal Hamdalah.. Alhamdullillahirobil’alamin

Kula ingkang piniji minangka juru panata adicara mbok bilih anggenipun nganyahi jejibahan kathah klenta-klentuning atur tetembungan, kula namung nyuwun pangapunten

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar